
14/08/2021
LAYU-LAYU
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Innalillahi Wainna Ilahi Roji'un
Ngaturi uninga bilih sampun murud ing kaseden jati, kundor ing alam kelanggengan kanthi tentrem, rikala dinten Jumat Legi, suryo kaping
13 Agustus 2021 wanci jam 02.50 WIB, gerah jantung wonten ing nDalem Jakarta.
Sampeyan-Dalem Ingkang Jumeneng
KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ARIO MANGKUNAGORO KAPING IX
(dumugi yuswo: 70 warsa)
Layon badhe kaleremaken wonten ing Kagungan-Dalem nDalem Ageng Puro Mangkunegaran
Selajengipun badhe kasarekaken winten ing Kagungan-Dalem Astana Girilayu, Matesih, Karanganyar
Bidahal saking Kagungan-Dalem nDalem Ageng, Puro Mangkunegaran Surakarta, ing dinten Minggu Pon, suryo kaping
15 Agustus 2021 wanci jam 10 WIB.
Nyuwunaken pangapunten sedaya kalepatanipun sawarga rikala sugengipun.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Puro Mangkunegaran,
13 Agustus 2021
Ingkang Nandhang Sungkowo
Prameswari-Dalem
GUSTI KANJENG PUTRI MANGKUNAGORO IX